Ad Code

IDCloudHost | SSD Cloud Hosting Indonesia

Ticker

6/recent/ticker-posts

Apa Kuwi Teks Cerkak? Pangerten, Ciri ciri, Macem, Struktur, lan Unsur unsure.

IDCloudHost | SSD Cloud Hosting Indonesia

Kita sedoyo pasti tau krungu sing jenenge cerkak, biasane teks iki ana ing majalah panyebar semangat sing kasuwur iku utawa ing koran koran lokal kayata jawapos, radar malang, lan sapanunggale. Keberadaan teks cerkak iki penting, amarga bisa digawe hiburan pemaos sawise maca artikel kang butuh daya pikir tinggi. Dalam kata lain, teks cerkak iki bisa digawe sarana refreshing otak supaya seger maneh lan ora kebeban pikiran.

Sumber : Pixabay

Tapi apa kowe ngerti teks cerkak iku? Piye maceme lan bentuke? Mimin kali iki bakal njelasno apa kuwi teks cerkak lan beberapa perangane. Penasaran kan? Simak wae penjelasan Teks cerkak ing ngisor iki kanti gemati.


DAFTAR ISI

PANGERTEN  CERKAK

Cerkak asale saka kata cerita cekak {cerita pendek}. Saka jenenge bisa ditengeri yen cerita iki bentuke cekak lan ora pati dowo. Tekan kene biso dimangerteni, Cerkak yaiku suatu macem karya sastra kang nyeritaake suatu peristiwa utawa pengalaman paraga secara singkat ingdalem latar lan alur tartamtu. Cerkak bisa diarani pisan sebagai cerito kang dikarang pangurit dening gawe sarana hiburan lan edukasi marang pemaos.

Cerkak bersifat naratif, artine teks iki nyeritaake peristiwa ing jerone ana tokoh, alur, lan setting tartamtu. Ora ana argumen kaya teks eksposisi lan ora ana kata kata seng digawe mbujuk wong akeh {Kata Persuasif}. Cerkak kaperang dadi maneka warna lan maceme, sebab saben pangurit {Penulis} duwe karakteristik lan idealis tartamtu nalika nulis cerkak. Ana sing seneng nulis cerkak legenda, ana sing seneng nulis cerkak kehidupan sehari hari, lan sapanunggale.


CIRI CIRI CERKAK

Cerkak nduweni ciri ciri kang beda karo karya sastra lianne. Ciri ciri iki biasane bisa dikenali lan pemaos {Pembaca} bisa langsung nyimpulno apa iku cerkak. Ciri ciri cerkak uga bisa dadi pedoman marang pangurit {Penulis} nalika arep nulis cerkak. Berikut ciri ciri cerkak lan katrangane :

  • Ceritane cekak, jenenge cerkak kudu duwe cerita kang cekak, jelas, runtut, padet, lan ora bertele tele. Biasane cerkak iku dawane 500 nganti 10.000 kata utawa 1 nganti 10 halaman. Ciri ciri uga nguntungna pangurit amarga pangurit ora perlu mikir cerita kang dawa.
  • Wektu maca mung sakadhap. Biasane cerkak entek diwaca kurang luwih 30 menit utawa atu kali duduk. Ora kaya novel sing bisa ngentekke 1 nganti 3 dina macane.
  • Kedaden ing latar lan alur tartamtu, cerkak kudu nduweni latar lan alur. Tanpo latar lan alur, cerito ora bisa diarani cerkak.
  • Asal usul paraga{Tokoh} Ing njero cerkak dijelasno kanthi singkat lan gemathi. Tujuanne yaiku supaya bisa njelasno sopo wae paraga ing cerkak kasebut nanging ora mangan kata kata utowo pragraf sing dawa.

MACEM MACEM CERKAK


Cerkak kaperang dadi beberapa macem, hal iki disebabno para pangurit sing mesti duwe idealis lan ngelakoni beberapa variasi saengga jenis cerkak lumayan akeh. Cerkak kaperang dadi 2, miturut jumlah katane lan miturut isine. Berikut iki macem macem cerkak sing perlu dipahami kanthi gemati, sebab saben macem cerkak duwe ciri khas lan keunikan dewe dewe.

Cerkak miturut jumlah katane.

Ana kalane cerkak diperang manut jumlah kata ing njero cerkak kasebut. Masio jumlah kata ing cerkak mung sekitar 1000 kata, tapi akeh pangurit sing biasane nggawe cerita kurang tekan iku. Alesane macem macem, seng ora ono inspirasilah, sing nyaman nulis cekaklah, lan sapanunggale. Hal iku yo ora masalah dilakoni, sing penting jumlah kata ing jerone cerkak ora luwih soko 10.000 kata. Berikut iki macem macem cerkak miturut jumlah katane.

  1. Pentigraf, kata pentigraf asale saka cerita pendek tiga paragraf. Manut karo jenenge, cerkak iki mung duwe 3 paragraf lan biasane alure kerasa cepet. Isih jarang pangurit sing bisa nggawe pentigraf lan pentigraf dewe isih kedik variasine. Jumlah kata ing pentigraf kisaran 200 - 300 kata.
  2. Cerkak biasa, cerkak biasa iki biasane ditemoni ing majalah majalah utowo ing media internet. Biasane mung nduwe 500-700 kata.
  3. Cerkak sedang, cerkak iki biasane ditemoni ing buku antologi cerpen {Buku kumpulan cerpen}. Biasane mung nduwe 700-1.000 kata.
  4. Cerkak dowo utowo cerbung. cerkak iki merupakan bentuk cerkak sing paling dowo lan biasane digawe ben bagian {Part} ben ora dowo. Jumlah katane berkisar tekan 1.000-10.000 kata.
Sumber : Pixabay


Cerkak miturut isine.

Cerkak nduweni isi ingkang macem macem, mulai tekan sing bungahake nganti medeni. Saben pamaos mesti duwe kenyamanan lan minat maca jenis cerkak tartamtu, saengga para pangurit cerkak berusaha memenuhi permintaan sing bedo bedo kuwi. Biasane para pangurit bisa nulis cerkak maneka jenis, biasane disebut pangurit heterogen.  Nanging uga ana pangurit sing fokus marang siji jenis, biasane disebut pangurit homogen. Berikut iki macem macem cerkak miturut isine :

  1. Cermis, asale saka tembung cerita misteri. Yaiku salah sijining cerkak sing mbahas misteri ing jerone. Misteri iki bisa berupa setan utawa hal hal sing diluar nalar manusia. Cerkak misteri iki cocok digawe remaja nganti usia 50 tahun.
  2. Humor, saka jenenge bisa dimengerteni menawa cerkak iki isine mung humor utowo hal hal sing lucu. Biasane namung gawe hiburan utawa gawe sindiran marang suatu permasalahan sosial sing ono ing masyarakat.
  3. Romance, yaiku cerkak sing isine ngenani masalah percintaan utawa rumah tangga. Biasane cerkak model ngene iki ana ing novel, kumpulan cerpen, utawa majalah remaja. Target usiane gawe usia remaja nganti umur 30 tahun.
  4. Legenda, yaiku cerkak sing isine minangka legenda, asal usul, mitos, utawa cerita rakyat sing berkembang turun temurun saking masyarakat. Biasane cerkak legenda ono sing murni cerita rakyat, lan ana cerkak legenda kang hasil imajinasi pangurit {Biasane ora nyata lan ora iso dibuktekake}.
  5. Cerkak biasa, model cerkak iki isine mung kehidupan sehari hari utawa pengalaman pangurit sing biasane konflike cukup enteng. Nanging saiki akeh pangurit seng nulis cerkak model ngene iki, alesanne gampang tur ora dowo.

STRUKTUR CERKAK


Saben karya tulis mesti ono strukture, struktur iki minangka dadi kerangka saben pangurit gawe ngembangno cerkake. Struktur uga dadi tetenger supaya pamaos ora bingung nalika maca suatu cerkak. Apabila ing struktur ing suatu cerkak iku kurang, mangka cerkak ora bakal utuh kompleks lan bakal bingungake pamaos. Berikut iki struktur cerkak kang kudu dipahami kanthi gemati.

  • Abstraksi, struktur iki nerangake gambaran awal ngenani suatu cerkak. Biasane struktur iki nyeritaake kahanan/kondisi awal cerkak sadurunge nemoni konflik. Abstraksi biasane disajikan antara 1 nganti 3 kalimat. Tuladhane, "Ing jaman biyen, ana desa kang makmur......"
  • Orientasi, yaiku struktur pengenalan. Bisa pengenalan paraga sing bakal main ing cerkak kasebut, uga bisa pengenalan kedaden/prastawa sing arep kedaden ing cerkak kasebut. Biasane orientasi iki digambarake 1 nganti 2 paragraf.
  • Komplikasi, yaiku tahapan struktur sing biasane mulai muncul masalah. Bisa masalah saka paraga utawa bisa masalah muncul saking  njobo. Biasane komplikasi iki digambarake 1 nganti 5 paragraf.
  • Klimaks, minangka struktur kang dadi puncak masalah saka cerkak. Biasane adegan utawa prastawa  ing struktur iki ora terkendali. Kahanan ing njero cerkak panas lan menegangkan, para paraga sibuk karo egone dewe dewe. Biasane klimaks iki disajikan 1 nganti 3 paragraf ing njero cerkak.
  • Resolusi, minangka penyelesaian saka masalah kuwi. Ing njero cerkak mesti ono salah sijining paraga sing bijak digawe mutusno masalah. Sawise solusi ketemu, paraga lianne banjur nururti kekarepan paraga sing bijak kuwi. Biasane resolusi digambarake 1 nganti 3 paragraf.
  • Koda, yaiku gambaran akhir suatu cerkak. Solusi wes ditemokake, banjur para paraga balik menyang kehidupan asale utawa kehidupan biasa. Ing njero struktur iki biasane disajikan amanat saka pangurit supaya pamaos bisa ngelakoni opo kang diharapkan pangurit. Tuladhane "Akhire, bocah 3 kuwi mau urip bahagia......" 

UNSUR INTRINSIK CERKAK 

Unsur Intrinsik yaiku unsur kang ono ing jerone cerkak utowo cerita cekak. Biasane unsur iki bisa dideleng jelas nalika maca cerkak, baik tersurat utowo tersirat. Unsur Intrinsik iki bersifat umum, maksude saben cerkak mesti ono unsur iki. Ora perlu penalaran lebih dalam utowo disandingake karo kahanan lingkungan. Unsur unsur Intrinsik Cerkak yaiku :

  • 1.       Tema, yaiku gagasan utowo ide suatu cerkak. Biasane unsur iki ditentokake disik sadurunge unsur lianne. Sawise ketemu tema banjur dikembangno dadi sebuah cerkak.
  • 2.       Alur/Plot, yaiku nerangake dalanne cerita. Alur kabagi macem telu, yaiku alur maju, alur mundur {Flashback}, lan alur campuran.
  • 3.       Setting utawa latar. Yaiku keterangan sing njelasake dalan cerita. Setting kabagi macem telu, setting panggonan, setting wayah, lan setting kahanan.
  • 4.       Paraga utawa pamaragan. Yaiku penjelasan paraga/tokoh utawa wewatekane. Paraga kabagi macem macem, ana paraga utama, paraga sampingan, paraga protagonis {Paraga kang watake becik}, lan paraga antagonis {Paraga kang watake ala}.
  • 5.       Sudut pandang, yaiku carane penulis cerkak nyampekake jalan cerita. Umume sudut pandang iku ana telu, yaiku sudut pandang orang pertama sebagai pelaku utama {Aku}, sudut pandang orang ketiga serba tahu {Dekne}, lan sudut pandang orang ketiga sebagai pengamat {Kowe}
  • 6.       Amanat, yaiku pesen kang disampekake marang pamaos cerkak. Biasane amanat iki ana ing pungkasan cerkak, lan diharap pamaos bisa ngelakoni opo sing dikarepi penulis.

Post a Comment

0 Comments

close
Banner iklan disini